Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan

Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan - Hallo sahabat Hidup Sehat, Pada kali ini kita memberikan info menarik tentang kesehatan yang berjudul Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan, saya telah menyediakan artikel artikel menarik tenatang kesehatan tentunya mudah-mudahan isi postingan yang saya tulis ini dapat anda memberikan maanfaat bagi yang membacanya.

Tentang : Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan
Apa yang terjadi : Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan

lihat juga


Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan

Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan
  1.     Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
  2.     Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
  3.     Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
  4.     Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
  5.     Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
  6.     Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
  7.     Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
  8.     Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
  9.     Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
  10.     Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
  11.     Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
  12.     Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
  13.     keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
  14.     Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
  15.     Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
  16.     Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
  17.     Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
  18.     Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
  19.     Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
  20.     Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
  21.     Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
  22.     Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
  23.     Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
  24.     Nantang bapa--- Menantang ayah.
  25.     Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
  26.     Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
  27.     Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
  28.     Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
  29.     Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
  30.     Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
  31.     Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
  32.     Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
  33.     Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
  34.     Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
  35.     Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
  36.     Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
  37.     Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
  38.     Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
  39.     Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
  40.     Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
  41.     Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
  42.     Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
  43.     Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
  44.     Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
  45.     Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
  46.     Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
  47.     Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
  48.     Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
  49.     Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
  50.     Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
  51.     Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
  52.     Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
  53.     Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
  54.     Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
  55.     Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
  56.     Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
  57.     Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
  58.     Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
  59.     Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
  60.     Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
  61.     Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
  62.     Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
  63.     Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
  64.     Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
  65.     Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
  66.     Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
  67.     Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
  68.     Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
  69.     Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
  70.     Akeh laknat--- Banyak kutukan
  71.     Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
  72.     Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
  73.     Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
  74.     Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
  75.     Guru disatru---Guru dimusuhi.
  76.     Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
  77.     Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
  78.     Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
  79.     Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
  80.     Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
  81.     Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
  82.     Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
  83.     Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
  84.     Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
  85.     Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
  86.     Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
  87.     Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
  88.     Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
  89.     Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
  90.     Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
  91.     Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
  92.     Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
  93.     Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
  94.     Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
  95.     Akeh barang haram---Banyak barang haram.
  96.     Akeh anak haram---Banyak anak haram.
  97.     Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
  98.     Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
  99.     Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
  100.     Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
  101.     Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
  102.     Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
  103.     Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
  104.     Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
  105.     Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
  106.     Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
  107.     Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
  108.     Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
  109.     Sing wedi mati---Yang takut mati.
  110.     Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
  111.     Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
  112.     Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
  113.     Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
  114.     Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
  115.     Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
  116.     Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
  117.     Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
  118.     Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  119.     Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  120.     Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
  121.     Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
  122.     Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
  123.     Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
  124.     Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
  125.     Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
  126.     Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
  127.     Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
  128.     Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
  129.     Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
  130.     Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
  131.     Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
  132.     Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
  133.     Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
  134.     Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
  135.     Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
  136.     Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
  137.     Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
  138.     Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
  139.     Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
  140.     Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.
  141.     Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
  142.     Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
  143.     Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
  144.     Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
  145.     Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
  146.     Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
  147.     Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
  148.     Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
  149.     Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
  150.     Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.
  151.     Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.
  152.     Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
  153.     Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
  154.     Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
  155.     Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.
  156.     Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.
  157.     Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
  158.     Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
  159.     Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
  160.     Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
  161.     Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.
  162.     Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
  163.     Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.
  164.     Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.
  165.     Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
  166.     Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.
  167.     Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut.
  168.     Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.
  169.     Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
  170.     Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.
  171.     Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
  172.     Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
  173.     Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
  174.     Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
  175.     Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.
  176.     Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.
  177.     Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.
  178.     Agama ditantang---Agama ditantang.
  179.     Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.
  180.     Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.
  181.     Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.
  182.     Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.
  183.     Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
  184.     Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
  185.     Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
  186.     Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
  187.     Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
  188.     Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
  189.     Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
  190.     Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.
  191.     Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.
  192.     Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
  193.     Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
  194.     Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga
  195.     Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
  196.     Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
  197.     Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
  198.     Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.
  199.     Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
  200.     Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
  201.     Buruh mangluh---Buruh menangis.
  202.     Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
  203.     Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.
  204.     Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.
  205.     Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
  206.     Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
  207.     Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.
  208.     Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
  209.     Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
  210.     Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
  211.     Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
  212.     Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
  213.     Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
  214.     Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.
  215.     Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
  216.     Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.
Sumber : wikipedia.org


Demikianlah Artikel Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan

Sekian dari kami, mudah mudahan artikel Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan, bisa memberi manfaat untuk anda semua. baiklah, sekian postingan dari kami . salam Ayo Hidup Sehat !! .

Anda sedang membaca artikel Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan dan artikel ini url permalinknya adalah https://legendajawa.blogspot.com/2014/02/kitab-musasar-jayabaya-isi-ramalan.html
Artikel Kesehatan Terbaru Lainnya kesehatan,Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan
Hidup sehat, sehat, sakit, penyakit,cara mengatasi, obat, kegunaan obat

3 Responses to "Kitab Musasar Jayabaya - Isi Ramalan"